Saturday 11 May 2013

sardot lara untu

sardot lara untu
sadot lagi lara untu
lara utu

Awan kuwi sardot lagi loro untu.. Rasane mangan ora enak lan turu ugo ora jenak.. Isane mung sambat aduh-aduh karo krukupan sarung neng kamar.. 

Sardot : aduh biyuuung.. Aduuuuh... Tulungi aku buneee.. (karo mbrebes mili)

Juminten,bojone sardot,langsung mbengok seko pawon..

Juminten : RASAH SAMBAT!! Wingi dikon prikso neng dokter ora gelem!!! (karo mbanting peso)

Sardot : aduh buneee.. Yo jelas aku ora gelem lah.. Wong aku dipekso prikso neng dokter hewan.. Aduuuuh...

Juminten : hah?? Mosok sih pak?? xixixixi (ngekek kunti)

Sardot : tulung aku buneee.. Hiks..hiks.. Kepiye carane men untuku mari.. (karo ngrikiti dipan)

Juminten : iki pakne.. (ngecungi koyo cabe)

Sardot : ..lah.. Ora mari bune..

Juminten : (ngecungi obat)

Sardot : lah.. Podho wae.. Huh.. (karo mrengut)

Juminten : (ngecungi Balsem)

Sardot : ..emoh..

Juminten : (ngecungi puyer)

Sardot : ..ojo guyon to..

Juminten : (ngasah arit)

Sardot : lho?? Kok ngasah arit ki meh kanggo opo bune?? (panik)

Juminten : arit iki...

Sardot : i..iyo.. (wedi)

Juminten : ..meh tak nggo...

Sardot : ..... (deg-degan)

Juminten : ..motong...

Sardot : ..... (keringet anyes)

Juminten : ...

..suket neng latar...

Sardot : (lego)

Juminten : tapi sakdurunge kuwi...

..arit-e meh tak nggo NGAMPUTASI UNTUMU sing REWEL kuwi pakne!! AYO MANGAP!!!

Sardot : (mangap karo semaput)

0 komentar:

Silakan Gunakan Kolom berikut Untuk Bertanya Lebih lanjut"! Salam KELUARGA BESAR O-KAO!