Saturday 11 May 2013

trio sms terbaru

trio sms terbaru



Awan iku Trio SMS leren neng warung karo ngobrol..

Sodron : pait tenan dino iki..

Mukri : emange kowe ngemut jamu opo dron?? 

Sodron : NGEMUT JAMU DENGKULMU MUNTIR..!!! sirahku ngelu goro2 dodolan s*mpak seken keliling ra payu2..

Mukri : kwokwokwokwokwok..(g­uyu onta)

Sodron : WOOY...SENENG YO YEN AKU LAGI APES NGENE?? (karo ngangkat kursi)

Mukri : oo..ora dron...tapi nasibmu isih mending daripada aku...

Sodron : mending piye kri??

Mukri : aku kan yo dadi sales keliling..

Sodron : iyo trus..

Mukri : pas aku lewat kampung,ono kumpulan ibu2 PKK..trus aku nawarke daganganku neng ibu2 kuwi,,

Sodron : wuiih..apik strategimu..trus piye??

Mukri : pas aku lagi nawarke daganganku,,aku malah dibalang tugelan boto...

Sodron : emange ngopo kok sampek dibalang tugelan boto???

Mukri : aku nawarke MAGIC COM dron..

Sodron : kok aneh dron.. ??

Mukri : aku dewe yo bingung dron,,jarene sih mergo..
.
.
.
.
.
.
.
.... DURUNG ONO LISTRIK NENG DESO KUWI....po gak aneh yen ngono iku..dasar ibu2 pkk g*blook ditawari barang apik malah mbalang tugelan boto...

*Sodron keselek gelas trus dimuntahne mneh

Sodron : lhooh cah bagus kok meneng wae ngopo??

Sardot : (ngrikiti wadah krupuk)

Mukri : iyo..awit mau kok mung meneng wae.. OPO UNTUMU AREP THUKUL GINGSULE MNEH DOOT??

Sardot : kowe ra ngerti nasibku dino iki..

Sodron + Mukri : (dlongap dlongop)

Sardot : sminggu dodolan keliling tapi ra payu2..hiks..(dolana­n sendok)

Sodron + Mukri : (ndomblong)

Sardot : tapi dino iki malah apes..

Sodron : apes piye doot??

Sardot : pas aku lewat kampung,,aku nawarke daganganku..

Mukri : trus..

Sardot : aku ngomong yen daganganku iki bakal dadi aset sing berharga suk emben..

Sodron + Mukri : (lungguh pangkonan)

Sardot : malah regone tak diskon 50 % kanggo wong iku..

Sodron : trus (karo njambak rambute mukri)

Sardot : tapi wong iku malah ngamuk gowo pacul

Sodron : DASAR WONG GENDENG SING MBOK TAWARI IKU,,WES DIKEI DISKON MALAH NGAMUK...AKU RATRIMO DOOT.,RA TRIIMOOO....MELECEHK­AN PROFESIMU DOOT..!!!!

"BRUAAKK..!!!!" (sodron mbanting mukri)

*Mukri langsung tibo glangsaran trus tangi mneh..

Sardot : Malah aku yo oleh yen barange dikredit dron...tapi wong iku malah tambah ngamuk...

Sodron : KURANG AJAR TENAN WONG IKU...!!!

"GLODAAK BRUOKK" (mancal Mukri sampek mencelat)

Mukri : WOOYY... IKI AKU DROON..WATON MANCAL WAE..

Sodron : sorry kri..aku emosi yen konco seprofesi dilecehne...

Mukri : janjane sopo sih wong iku dot?? trus mbok tawari dagangan opo??

Sardot : aku...

...DODOLAN TERBELO (PETI MATI) KELILING LAN NAWARI MOROTUWOKU...MANGKAN­E TAK WENEHI DISKON AKEH WUJUD PANGABEKTIKU MARANG MOROTUWO...

#Sodron karo Mukri tibo jungkel trus tangi krukupan terbelo..

0 komentar:

Silakan Gunakan Kolom berikut Untuk Bertanya Lebih lanjut"! Salam KELUARGA BESAR O-KAO!